Cari Blog Ini

Memuat...

Selasa, 20 Juli 2010

Wejangan Kaki Semar Bodronoyo



Sakwijineng dino Tom dan Jerry?? duweni pepinginan tetepungan kalian Kaki Semar Bodronoyo danyange tanah Jawi, kanggo nyengkuyung kekarepan kuwi Jerry wis laku tirakat kang ora entheng yaiku nyudo mangan lan turu, ananing sing tirakat kuwi mau mung Jerry, lah si Tom malah enak-enakan mangan karo turu, dasar pancen tukang turu. Bareng wes tekan titi wancine, nom noman loro kuwi banjur sila methekel tangane gandengan, Jerry katon tememen anggone cipto senajan Tom mung anger merem karo ngalamun diajeng Rina. Mengkono kuwi yo iseh enak-enake Tom ngalamun Rina, ujug-ujug sukmane krasa ditarik lan mabur tumuju cahya putih banjur mebu ing sakjerone cahya kuwi. Jerry sing bareng-bareng ngoncat sukmane karo dheweke banjur ngomong "kowe ojo wedi, awake dhewe lagi tumuju ing ngalam Sunyaruri papan dhununge mbah Kaki Semar" banjur kalorone sukmane nom2an mau weruh wong tuwa lemu kang wis ketok sepuh banget lungguh ing dhuwure watu gedhene sak lemari, banjur kalorone marani tumuju marang wong tuwa kasebut lan lungguh banjur uluk salam.

Jerry : "salam taklim katur dumatheng mbah kaki Semar, mugi2 tansah diparingi karahayon lan karaharjan"

Semar : "weee lhadalah wong tuwa elek kaya aku ketekan putra wayah, ana apa anggerku cah bagus, ketoke ana babagan kang wigati saengga sudi nekani pepundhene nang kene iki"



Jerry : "injih leres mekaten mbah, kawula lan sedherek kembar kula namung badhe silaturahim lan nyuwun pepadhang babagan gesang ing ngalam mayapada supados slamet donya lan ing ngalam kalanggengan"

Semar : "yoh nek ngono tak tampa anggonmu ngabekti marang pepundhenmu iki, saiki sira kalorone arep takon babagan apa cah bagus?"

Tom : "anu mbah....anu mbah aku duwe kekarepan ben sugih cepet ora nganggo suwe, mbok menawi saget paring nomer togel ingkang cespleng, nopo kepenake nganggo aji-aji apa ya mbah, nek iso njenengan mbok menehi aku lan sedulurku iki ngelmu sing tokcer ..."

Jerry : "huuusss ojo kuwanen kowe, dijaga anggonmu le omong, eling Tom ning ngarepmu kuwi pepundhene tanah Jowo sing ngemong para ratu ing tanah Jowo iki"

Tom : "lha luputku apa? lha wong rak yo padha bae nek matur karo simbahe dhewe to? lha karo simbah ki aku ra tahu basa, aku arep njaluk opo yang langsung ngomong wae ...hihihihi...rak nggih mekaten to mbah kaki?"

Semar : "heheheheheh.....bener kandhamu cah bagus, kowe ora usah sungkan marang pepundhenmu iki, amarga aku luwih seneng marang putra wayahku sing ora basa nanging asring tilik marang leluhure tinimbang sing basane mlipit ananging gur tilik leluhure utawa wong tuwane gur setahun sepisan kuwi ya pas riyaya wae....o iya ngger sapa jenengmu?"

Jerry : "kula Jerry mbah, lha kembaran kula niki naminipun Tom, kawula tuwin Tom nyuwung agunging pangaksami bilih anggenipun kula mriki namung damel simbah mboten sekeca dumatheng manah amargi tutur kula ugi Tom mboten ngangge unggah ungguh lan sembrono dumatheng simbah"

Semar : "ora papa ngger, wis ditiliki putra waya wae aku wis seneng, saiki sira arep takon apa? muga2 aku isa menehi pepadhang"

Jerry : "menika mbah, gesang ing ngalam donya menika betah sangu ingkang cekap kangge dibekta ing ngalam kalanggengan, lha kula lan Tom badhe nyuwun pepadhang dumatheng simbah, sangunipun menika napa? napa nggih namung cekap ngibadah ananging ngibadah kula taksih rumaos kirang lan dereng cekap"

Semar : "oalaaah ngono ta? yoh nek ngono tak wenehi pitutur muga2 isa ditampa kanthi manah kang jembar.....ngene ya ngger, ngibadah kuwi namung sak jabane kulit, dadi anggonmu sholat, pasa, lan liya-liyane sing kok lakoni ing agama sing kok rasuk kuwi uger sarana supaya sira enggal2 ketemu Gustimu, agama ageming aji, kuwi anduweni arti agama utawa dharma kudu dirumat kaya dene klambi, klambi kuwi tegese sing dienggo sarana kanggo nutupi kulit, dadi klambimu kuwi iso kok apiki sak apik apike ananging isine ya kuwi awakmu tetep wae ajeg amarga anggonmu ngibadah ora khusyuk utawa ora nganggo ning cipta ora iklas"

Jerry : "lajeng kados pundi mbah supados ngibadah menika saget khusyuk kalian iklas?"

Semar : "ngene ya ngger, kabeh kuwi aseline ora cukup namung cipta wae, nanging ya butuh rasa lan karsa, aku precaya sira wis khusyuk anggone ngibadah sacara cipta, nanging uga durung mesthi isa khusyuk sacara rasa lan karsa opo maneh iklas"

Tom : "sik..sik...mbah sing jenenge cipta, rasa lan karsa kuwi tegese apa mbah?, jan jane aku ya tahu krungu saka panjlentrehane si Jerry nanging durung patiha dong dadi malah blong, opo maneh iklas Mbah uabott tenan anggone ngakoni ....hihihihi"

Semar : "cipta kuwi kaya dene sila methekel kaya sing kok lakoni ben isa mlebu ing ngalam kene, cipta kuwi kaya dene ngelmu aji aji, dadi gampange cipta kuwi "nggambar" ing pikiran lan anduweni daya, punjere cipta kuwi mapane ana ing antarane alis tengen lan kiwa, kuwi mau panjlentrehan cipta sacara gampang"

Jerry : "menawi mekaten, menapa wonten sesambungane antawis cipta lan rasa lan ugi karsa?"

Semar : "mengko ndisik ger, aja kesusu, sing wigati cobanen pituturku iki dirasakake kanthi manahmu sing paling jero ben isa mudheng, lha saiki tegese rahsa kuwi rasa pangrasa, contone menawa sira dilarani karo uwong liya terus kepiye atimu ngger?"

Tom : "waduh nek kuwi uwonge wis tak kamplengi Mbah, nek perlu sampe babak belur mlebu rumah sakit ben kuapok"

Jerry : "menawi manut ingkang kula raosaken nggih lara manah kula mbah, nanging mboten ngangge rasa kepingin ngamplengi kados Tom"

Semar : "heheheheh, kuwi namung tataran rasa thok dudu rasa pangrasa, rahsa utawi rasa pangrasa iku rasa sakjerone rasa, rasa ing tataran kulit ya kaya sing di rasakke Tom kepingin ngamplengi, ananging kuwi uger isih nang kulit utawa nganggo caramu yaiku "emosi sesaat" ingkang jumbuh namung sedhilit, rahsa sakbenere iku jumbuhe terus ana ing sakjerone atimu amarga sliramu wing mudheng sing dikarepke sing gawe urip"

Tom : "ih simbah ga gaul deh....pake bahasa yg gaul dikit napa mbah? maksud loch gimana? eh.....nganggo basa jawa ding...hihihihi...kepiye maksude mbah, aku ki wong bodho je dadi ora dong"

Semar : "heheheheh... contoh rahsa ingkang gampang yaiku menawa sira dilarani atine karo uwong liya, menawa atimu isa tatag lan sabar syuku-syukur ndongakke kabecikan marang uwong sing nglarani mau tegese sira wis jumbuh rahsane, dadi rahsa iku ya gampang ya angel, gampang menawa sira mau duweni kaweruhan kang sarwa apik, angel menawa kaweruhan sira sarwa ala"

Tom : "lha ben iso ngayuh rahsa kuwi opo yo kudu iklas ngono mbah?? dilarani atine yo meneng wae ngono po piye mbah?"

Semar : "He he he ... yo pancen kanggo ngayuh rahsa kuwi Sira kudu iklas anggone nglakoni urip. Sira kudu ngerti pacoban kuwi isa arupa bebendhu lan kamulyan, pacoban arupa kamulyan iku luwih angel luluse tinimbang kang awujud bebendhu, pramila simbah dhek jaman kabuyutan mbiyen ngripta maneka werna lelaku awujud tapa ngeli, tapa pendhem, tapa ngalong lan sak panunggale, tapa ngeli tegese urip iku kudu isa melu lakune banyu bening kaline awake dhewe, kabeh banyu bening iku tumuju samuderaning ngelmune Gusti, tapa pendhem duwe teges urip iku aja lali marang asale, amarga asale manungsa saka lemah lan kudune ya nyawiji karo asale mau kasebut, uga lemah iku dhununge ana ngisor anduweni teges menungsa kudhu duwe watak andhap asor, tapa ngalong tegese manungsa iku uripe gumantung marang wit panguripan, wit panguripan iku asale saka wetan utawa wiwitan, wiwitan iku kang diarani sing paling wiwit saka urip yaiku Gusti, iki kang diarani sangkan paraning dumadi"

Jerry : "lajeng menawi sakniki kok kathah ingkang lelaku tapa, tapa ingkang dijlentrehaken simbah namung kangge nggayuh ngelmu kasekten, menika luput napa mboten mbah?"

Semar : "aku ora isa ngarani iki bener kae luput, amarga kabeh kuwi gumantung marang niyate, jaman mbiyen simbah ngripta lelaku lelaku mau niyate kanggo nyedhakake marang Gusti, amarga lelaku sing tak jlentrehake mau wis klebu sing diarani olah cipta lan rahsa, cipta wening pikiran lan rahsa ngrasakake abote laku kanthi manah kang tatag lan sabar uga syukur/ iklas, menawa sira isa nggathukake cipta wening lan rahsa kanthi sampurna, sira patut sinebut lelananging jagat kaya dene Arjuna"

Tom : "hihihi...lelananging jagat....hmmm...lah mengko malah dadi koyo Ariel ali-ali pengen koyo Arjuno malah kasus ... eit salah ora enthuk gowo-gowo wong liyan yo mbah. ketoke aku wis memper karo Arjuna....mugo-mugo mripate Rina delok aku kaya delok Arjuna.....lha terus sing diarani karsa iku apa mbah?"

Semar : "karsa iku tumindhak utawa isa sinebut kekarepan, kekarepan kang ditindhakake iku kang diarani karsa, menawa ing jagat pewayangan karsa iku maujud ing wayang Werkudara, nalika Sembadra kepingin nurunake ratu saka Arjuna, Sembadra banjur adus ing kali Serayu utawa sir rahayu kang tuke saka tuk Bimalukar ing Dieng kana, Sembadra kang ngandhut cipta rahsane Arjuna banjur di adusi nganggo karsane Werkudara yaiku kali Serayu lan mangkono lair jabang bayine diarani Abimanyu utawa Bimanyu utawa anake Bima"

Tom : "waduh dadi Sembadra selingkuh karo Bima.....nek aku dadi Arjuna iso tak pateni si Bima sanajan kangmas ku dhewe....."

Semar : "iki dudu ngrembug babagan perkara urip menungsa, elinga ngger, wayang iku pralambang watak-watak ing sakjeroning manungsa, dadi Abimanyu iku pralambang cipta, rahsa lan karsane pandhawa senajan Abimanyu gugur ing Barathayudha nanging nurunake ratu kang asmane Parikesit"

Jerry: "banjur menapa sebatanipun gumolonge cipta rahsa lan karsa menika mbah"

Semar : "cipta rahsa lan karsa dadi siji iku kang sinebut Triwikrama, Prabu Kresa Triwikrama dadi buta, Prabu Puntadewa triwikrama ya dadi buta kang asmane dewa Amral, namung simbah kang triwikrama dadi dewa amarga simbah iki pralambang bathok bolu isi madu tegese sanajan ala nanging duwe isi kabecikan kang sakbenere, mula ta ngger sak becik becike uripmu kuwi bisa migunani marang wong liya, sira isa duwe watak kaya dewa nanging menawa ora isa ngejawantah watakmu kuwi mila menawa sira Triwikrama malah dadi buta"

Jerry : "kula mangertos mbah, lajeng pawujudipun triwikrama menika kangge tiyang limrah menika napa mbah?"

Semar : "Triwikrama kang awujud buta utawa dewa iku uger ana ing pewayangan ngger, sing baku Triwikrama iku malah ora ana apa apa, sejatine ora ana apa apa, ora ana wujud lan sejatine Gusti iku ora ana"

Tom : "lho kok simbah ngomong "sejatine Gusti iku ora ana" simbah mengko dicap kapir lho ....hihihihi"

Semar : "heheheheheh.....kapir iku urusane menungsa ing mayapada, ing Sunyaruri kene wis ora urusan karo babagan kapir utawa kapiran...sing tak karepke saka ukara "sejatine Gusti iku ora ana" ya Gusti miturut anggepanmu dhewe, ing ngalam sunyaruri kene duwe ateges awang uwung, ning no utawi neng ning nung nang, wewujudan wong tuwa elek lungguh nang watu ing ngarepmu iki uger wujud panganggepmu dhewe ngger, Semar iku tegese samar samar utawa antara ana lan ora, ana yen dianggep ana, ora yen dianggep ora ana, sejatine iku ora ana apa apa, sing ana sing kandha "ora ana apa apa", iki kang sinebut murwa kala, murwa kandha, murwa kala tegese mardhika saka "pakunjaran" wektu/kala, murwa kandha tegese tembung sak dhuwure tembung yaiku ora ana tembung. Dadi Gusti iku uger sebutane cara manungsa, asline Gusti kang sejati iku dudu penganggepe manungsa, Gusti ya Gusti kang tan kena kinaya ngapa. Kabeh mau kuwi isa kok rasakake nalika sira Triwikrama utawa gumolonge cipta, rahsa lan karsa"

Tom : "wah dadi simbah ki ora ana to? waduh tiwas gentur tapa dadi buto mangan turu ya malah pungkasane nemu sing ora ana"

Semar : "heheheheheh....angger cah bagus Tom, sira iku asline ganteng ora elek kaya buta, sira rumangsa buta iku rak panganggepmu dhewe, aku seneng marang sira amarga sira omonge blaka suto apa anane ora ana kang disingkeri, sing dadi pepundhene tanah Jawa ya sing dadi pamomong para ratu iku sakjane ya gumolonge cipta rahsa lan karsa utawa Triwikrama, panganggepe manungsa ing tanah Jawa saiki pepundhene mawujud wong tuwa wungkuk, elek, lemu kang arane Semar, elinga ngger Semar sejati kuwi ora ana apa apa, mula sira aja precaya ngono wae marang kang ngaku ngaku titisane Semar utawa kerawuhan Semar"

Jerry : "Injih mbah, kula lan Tom insya Allah nglakoni napa kang dadi pituture mbah kaki Semar, lajeng napa pitutur kang pungkasan mliginipun kangge kula lan Tom?"

Semar : "kanggo Tom, ngger atimu kuwi apik, omongmu blaka suto apa anane, sanajan sira ora isa wening cipta kanthi apik nanging sira anduweni kaluwihan isa maca pralambang pralambang kanthi trawaca, mula iku dadi kanugrahanmu, menawa sira syukur marang kanugrahanmu mila sira isa nggayuh kang sira karepke kanthi cara kang sira ora isa bedhek. Lan kanggo sira Jerry, sira uga duwe kanugrahan kang padha karo sedulurmu Tom, ananging sira isa wening cipta kanthi apik mila sira kudu luwih akeh rasa syukure supaya sira slamet anggone lumampah ing ngalam mayapada, pawelingku "kaluwihanmu kudu ndadekake lan tumuju marang kang sejati lan sejati kang duwe kaluwihan, sebab kabeh kaluwihan ben sethitik yen dilabuh labetaken dening Gusti mongko kaluwihan kuwi mau dadi ora kahinggo, ibarat angka piro wae yen dibagi nol dadi ora kahinggo, angka kuwi kalebihane banjur iklas diibaratake angka nol.

2 komentar:

untuk koment silakan bebas yang penting tidak mengandung SARA